Subscribe

RSS Feed (xml)

Powered By

Blogger Template From:
Free Blogger Skins

Powered by Blogger

Minggu, 18 Mei 2014

Dom Emas

Drama berbahasa jawa, judulnya "Dom Emas"
Drama ini dimainkan oleh 4 orang sebagai tokoh ayam jago, ayam babon, elang dan kucing alas.


Dhek jaman mbiyen, pitik jago lan elang kanca kang raket. Kekarone rinaket kaya sedulur, padha ngewangi lan nulung siji lan liyane. Ing sawijining dina, pitik jago lagi mlaku-mlaku golek pangan ana alas. Dumadakan ana kucing alas kang ndelik lan kepengen mangan pitik jago mau.
Kucing alas      : (kucing alas metu saka panggonane) “Rawwwwwr.. Pitik jago, kowe wis ora bisa ucul saka aku. Aku pengen mangan awakmu”
Pitik jago         : “MasyaAllah (kaget). Woh, ora bisa. Kowe ora entuk mangan aku. Mesakke bojo lan anak-anakku ing ngomah”. (Ancang-ancang mlayu)
Kucing alas      : Mlayu o.. go jago, kowe ora bakal bisa mlayu adoh, hahahaha.

Pitik jago nuli mlayu sakuwat tenaga kanggo nylametake awake, ananging kucing alas alas terus ngoyak rekat banget. Pitik jago ora kuwat anggone mlayu. Kucing alas sing kengelihan kuwi ora arep kelangan mangsa sing wis neng ngarep mata lan....
Elang               : (Elang teka, nyamber lan nyakar kucing) “Rasakno iki kucing!”
Kucing Alas      : “Adhuh biyung! Lara! Lara! Apurana awakku Elang..
Elang               : “Iki akibate yen kowe wani ngganggu kancaku”
Kucing Alas      : “Adhuh larane... wis elang, wis...”

Pitik Jago         : “Paling iki wis dadi nasibku. Aku iki mung pitik, takdire mung bisa mlaku neng nduwur lemah. Umpama aku bisa mabur kaya kowe, mesthi aku ora ngrepoti awakmu. Aku pakewuh yen terus-terusan njaluk pitulunganmu, elang”.
Elang               : “Hmmm... yen kuwi sing dadi kekarepanmu, mbok menawa aku bisa mbiyantu”
Pitik jago         : “Iyo ta? Kowe ora ngapusi, Elang? Kepriye carane?
Elang               : “ Bangsa manuk nduweni siji pusaka arupa dom kang wujude emas. Dom mau kagunakake kanggo njahit suwiwi supaya bangsa manuk bisa mabur. Ananging, dom mau ora bisa disilihake marang kabeh liyane, amarga dom kuwi ya mung siji-sijine pusakane bangsa manuk.
Pitik jago         : “Woo lha, tenane? Apa ya ora entuk yen disisilihake marang kanca raketmu iki? (praupan melas)
Elang               : (mikir) “Hmmm.. Ya wis, awakmu daksilihi dom iki. Nanging janji yen kowe bakal nggunakake dom mau kanthi ngati-ati, aja nganti ilang amarga iki aku yo mung nyilih saka raja elang. Yen nganti ana apa-apa sing ora dikarepake, mangka bangsa elang kang kudu nanggung aib lan disalahke dening kabeh manuk.
Pitik jago         : “Wis mesthi kuwi. Aku ora bakal mblenjani janjimu”
Elang               : “Siji maneh. Aku pesen yen sawise dienggo, simpenana kanthi becik nganti aku teka kanggo njupuk dom mau. Lan aja kosilihake dening sapa wae tanpa nembung luwih dhisik marang awakku”. (menehake dom emas)
Pitik jago         : (nampa dom emas kathi sumringah) “Aku ngerti kandhamu, elang. Aku bakal nuruti kabeh pesenmu lan bakal njaga kanthi becik dom iki mau”.
Elang               : “Pancen becike ngono mau. Dom kuwi dakpasrahake dening awakmu. Telung dina maneh aku bakal mara rene kanggo njupuk.”
Pitik jago         : “Matur nuwun elang. Kowe pancen kancaku sing paling gemati”
Elang               : “Padha-padha jago. Yo wis yen ngono, aku dakmabur dhisik. Assalamualaikum”
Pitik jago         : “Waalaikumsalam, ngati-ati ana ing dalan”
Sawise Elang lunga, pitik jago age-age njahit suwiwine nganggo dom emas. Pitik jago ora sronto kepengin bisa mabur. Lagi separo suwiwi kang wis dijahit, dheweke banjur age-age njajal mabur. Dom emas mau diwenehake ing ndhuwur watu.
Pitik jago         : (mabur ana ing pager) ”Yuhuuuuuu, aku bisa mabur. Alhamdulillaaaaaah” (praupan bungah banget)
Pitik babon      : Welha bapakne, kepriye panjenengan bisa nangkring ana sing pager dhuwur kuwi?”
Pitik jago         : “Aku mabur, ibune. Mulane aku bisa nangkring ana ing kene.”
Pitik babon      : (gumun) “Panjenengan bisa mabur dhuwur?
Pitik jago         : “Iyo ibune. Iki mau aku disilihi dom emas dening kancaku Elang”
Pitik babon      : “Lha kepriye carane, Pak?
Pitik jago         : “Suwiwiku dakjahit nganggo dom emas mau, Bu. Saiki aku wis ora sumelang yen ditekani kucing alas, amarga aku bisa mabur, hahahaha”
Pitik babon      : “Waaaaaaah, mbungahi banget bisa mabur kaya panjenengan. Apa aku uga entuk nyilih dom emas mau supaya aku bisa mabur lan sesandhingan karo sliramu ing ndhuwur pager, Pak?”
Pitik jago         : “Mesthine yo entuk, bune. Njupuk’a dom emas mau ana ing ndhuwur watu kuwi, banjur age-age mabur lan sesandhingan karo sliraku.”
Pitik babon banjur njahit suwiwine. Amarga ora sronto, lagi separo suwiwi kang dijahit, dheweke age-age nyoba mabur nyandingi pitik jago ing ndhuwur pager. Kekarone katon bungah banget.
Pitik babon      : “Ahahaha, aku bisa mabur, Pakne. Aku lak ora ngimpi ta iki?”
Pitik jago         : “Ora ngimpi, Bune. Nyatane awake dhewe bisa munggah ana ing kene. Kabeh mau amarga pitulungane Elang.”
Pitik babon      : “Iyo, Pakne. Awake dhewe kudu mbales pitulungane Elang.”
Pitik jago         : “Ananging sakdurunge kuwi, luwih becik awake dhewe nerusake anggone njahit suwiwi supaya anggone mabur bisa dhuwur mencak langit kaya manuk elang, Bu.”
Pitik babon      : “Bener banget kuwi. Ayo ndang mudhun saka kene, Pak.”
Sawise marem anggone nangkring ana ing ndhuwur pager, kekarone banjur mudhun ana lemah saperlu nerusake anggone njahit suwiwi. Ananging...
Pitik jago         : “Nang ngendi anggonmu ndelehake dom emas mau, Bu?
Pitik babon      : “Woalah masyaAllah, aku lali sakplengan. Ning ndhuwur watu ya ora ana, Pak?
Pitik jago         : (niliki ndhuwur watu) “Ora ana, Bune! Wadhuh, yen nganti ilang, Elang bakalan nesu banget karo awake dhewe.”
Pitik babon      : “Apurana awakku, Pak. Dhuh, apa kabur amarga kena suwiwiku, ya? Apa kurugan ana lemah?”
Pitik jago         : “Wis ndang digoleki bareng-bareng wae, Bune, supaya enggal ketemu.”
Pitik babon      : “Iyo, Pakne. ”

Pitik jago lan pitik babon bebarengan nggoleki dom emas. Kekarone banjur ceker-ceker ana lemah.  Ananging nganti surup, dom emas mau durung ketemu. Esuke, pitik jago lan pitik babon nerusake anggone nggoleki dom mau. Tekan pungkasane, nalika Elang teka saperlu nagih dom emas kang disilihake marang pitik jago, dom emas mau durung ketemu.
Elang                           : ”Koooaak... Koaaaaakkk” (mudhun ana ing panggonane pitik jago lan pitik babon)
Pitik jago         : (wedi) “Oalah, kowe wis teka ta, elang.”
Elang               : “Kepriye awakmu jago, wis bisa mabur dhuwur kaya aku apa durung?”
Pitik jago         : “Alhamdulillah aku wis bisa mabur, ananging lagi bisa sadhuwur pager.”
Elang               : “Yo syukur yen ngono aku melu bungah. Saiki wis wektune dom mau dakjupuk maneh. Kowe lak ora mblenjani janjimu, ta?”
Pitik jago         : (ndingkluk) “Emm.. anu... Elang, apurana awakku. Dom emas mau ilang sawise dienggo bojoku njahit suwiwine. Apurana tenan, iki ora sengaja.”
Elang               : “Oalah pitik, dadi kaya mangkene anggonmu mbales pitulunganku? Kowe janji yen ora bakal nyilihake dom tanpa pangizinku lan kowe janji bakal njaga becik-becik pusaka mau. Nyatane apa?”
Pitik babon      :”Apurana elang, aku karo bojoku janji bakal nggoleki dom mau nganti ketemu”
Elang               : (praupan nesu) “Janji.. janji! Aku ora butuh janjimu. Saprene aku ngandelake awakmu kabeh, wis dakanggep sedulur dhewe. Apa kowe ora eling? Amarga tumindakmu, bangsa elang kang nanggung akibate. Bangsa Elang bakal dimusuhi dening kabeh bangsa manuk. Pokoke aku ora arep ngerti, kowe kabeh kudu tanggung jawab! Sakwene dom emas mau durung ketemu, anak putumu bakal dadi mangsaku!” (mabur dhuwur)
Amarga kedadeyan kuwi, nganti saprene bangsa elang seneng nyamber kuthuk-kuthuk cilik. Nganti saprene uga, pitik uga seneng ceker-ceker ana lemah nalika golek pangan, bokmenawa bisa nemu dom emas sing ilang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
 

Designed By Blogs Gone Wild!